Bangun Desa Wisata Tunggulrejo

Spread the love


Dening: Sudarsono Hadi


Tunggulrejo bangun taman wisata kang disebut Telaga Kusuma, Telaga Kusuma iki dibangun ono lahan tanah kas desa sakjembare 1,4 hektar. Kang Didukung kanti akeh fasilitas, wiwit saka kolam renang, taman, resto nganti gazebo kang kanggo ngaso utawa leyeh-leyeh. Papan wisata iki dibukak saben dino wiwit jam 08.00 nganti jam 21.00 WIB kanti rego tiket mlebu dino Senin tumeko Jumat regane tiket Rp.10.000,- lan menowo ing dino Sabtu lan Minggu sarto dino kang prei utowo tanggal abang regane tiket Rp.15.000,-, Taman Wisata iki alamate yaiku dusun Tawun, DesaTunggulrejo, Kecamatan Jumantono, Kabupaten Karanganyar. Arah tumuju Telaga Kusuma menawa saka kutha Karanganyar arahe mangetan arah menyang Tawangmangu kang ngliwati jalur Kidul utowo jalur Matesih, menawa wis tekan Matesih arahe mangidul kurang luwih siji kilo meter tumuju arah jalur matesih Jatiyoso.
Panggonan wisata iki nambah papan tujuan wisata ing bumi Intanpari Kabupatèn Karanganyar sing wektu sakiki kondange panggonan wisata mung disuguhi endahe pesona gunung Lawu.
Telaga Kusuma resmi dibukak Bupati Karanganyar yaiku Bp. Drs. H. Juliyatmono, M.M. rikolo tanggal 18 Nopember 2022 bebarengan karo hari jadi Kabupaten Karanganyar kang kaping 105 ing wektu iku ugo Deso Tunggulrejo ditetepne dadi Desa Wisata.
Wektu sakiki Telaga Kusuma dadi papan wisata sing digandrungi Wisatawan kang asale ora mung saka wilayah Karanganyar nanging wisatawan kang saka sak jabane Kabupaten Karanganyar. Wisatawan mau padha rame-rame nyemplung ana kolam renang lan padha ngrasakake endahing papan wisata sing disuguhne ing Telaga Kusuma.
Pambangune Papan Wisata lan waterpark Telaga Kusuma kang dirintis wiwit tahun 2021 gunakake dana murni kang asale soko anggaran asli Badan Usaha Milik Desa kang disingkat BUMDES Desa Tunggulrejo. Obyek wisata Telaga Kusuma digadang-gadang dadi tujuan wisata pilihan anyar ing Kabupaten Karanganyar. **